Jumat, 12 Oktober 2007

Sambung Gurit

MANUNGSA

Tetesing kama sarining ndonya

Wewadah bokor kang sarwo kencono

Tetaline rasa asih lan tresna

Kalungguhan Sang Hyang Hana

Sangang wulan sakjroning tapa

Anyandang tanpa busana

Lenggah Amuji Hyang Whidi

Pinaring Asma begawan Manik Sidhi

Wancining mangsa wus pinesthi

Hyang Manik Sidhi Anjalma

Madhek sawiji pribadi tunggal

Keng aran jalma sawantah

Owah lan gingsir dadi nyatane Sang Hyang Gumilir

Rupak lan rusak nyatane ndonya

Bener lan luput dadi sandangan

Hamung andunungke,

Crita kang wis kalakon ing sajroning lelakon

Kahanan donya bisane mung gawe lali

Elinge mung arang-arang kadang

Iku wae yen lagi nandang sangsara

Sujud sungkem nyuwune mulyo

Gelone manggon wusana

Rumangsa lumaku nistha

Anyeyadong asihing pangapura

Saka Hyang Bagas Puruwa

Manungsa...Manungsa

Elinga marang purwa lan wusana

Tumindak budi laku kang utama

Kanggo sangu wangsul asal mulanira

dimas_petruk

Jemuah Kliwon, 05 Oktober 2007

Sendangmulyo-Semarang

Tidak ada komentar: